Sedulur Tunggal Fèsbuk

July 4, 2009 · 6 Comments
Filed under: Pawarta Saka Sala 

Jaman biyèn, paseduluran mung bisa kabédakaké lumantar silsilah kulawarga utawa nunggal papan (désa utawa kutha). Bisa papan kelairan utawa kanca sekolah lan dolan. Sabanjuré, saka ana sing diarani kadang katut, yaiku paseduluran sing ana sambung-rapeté karo jejodhoan: katutan saka bésan, paman-bibi lan liya-liyané.

Nanging, ana ing jaman modhèren kaya saiki, sing diarani paseduluran banjur manéka warna wujud lan asal-usulé. Kanca kuliyah, nyambut gawé lan sapanunggalané, bisa dadi sedulur anyar. Malah, ora kurang anggoné mangun paseduluran ngalahaké rapeté kakang-adhi tunggal kringkel. Fèsbuk, umpamané, bisa ndayani lairé kekadangan lan bebrayan agung, ngalahaké telpun lan weling cekak (SMS).

Riwis Sadati, blogger Bengawan nembé moglèng-moglèng mèlu ngramèkaké Solo Batik Carnival, 28 Juni kepungkur. Dhèwèké gawé dhesain dhéwé, lan dianggo dhéwé. Sajaké, pancèn pingin nampang kanggo naris-narsisan. Hehehe.....

Riwis Sadati, blogger Bengawan nembé moglèng-moglèng mèlu ngramèkaké Solo Batik Carnival, 28 Juni kepungkur. Dhèwèké gawé dhesain dhéwé, lan dianggo dhéwé. Sajaké, pancèn pingin nampang kanggo naris-narsisan. Hehehe.....

Jalaran angèl andum wektu, umpamané, aku ora bisa ketemu sedulurku rada kerep. Setaun sepisan waé angèlé setengah dhèr (ujaré wong Sala). Éé… sawisé ana Fèsbuk, lha kok aku bisa ketemu manèh, malah dadi ngerti apa kegiyatané lan perkembangané lumantar status-status-é. Putrané Pakdhé sing wis angèl kelacak jalaran telpuné ganti kabèh, ngerti-ngerti kirim pesen njaluk ditambahaké ana daftar kancaku. Sabanjuré, dhèwèké ana ngendi bisa dakngertèni: saka Dubai mulih Bekasi banjur ceramah ana Beijing, kabèh bisa dimangertèni saka status Fèsbuké.

Kaya Riwis, umpamané. Suwé aku ora ketemu sedulur wédok sing ketemu ing jagad blogging iki. Saploké dhèwèké répot nyiapaké tugas akhir kuliyahé, aku wis arang ketemu, nanging bisa ngerti repoté wektu nyepakaké dhesain kanggo melu karnaval batik. Dhesain digawé dhéwé, diajokaké supaya diseleksi panitia, nganti sidané katut dadi peserta karnaval. Wah… nyenengaké tenan.

Nanging, dayané Fèsbuk uga marakaké anyel marang sapérangan pawongan. Kang Agus Riyanto Tegal, umpamané, nembé waé crita yèn statusé kerep ditanggepi kanthi rasa mungsuhi déning ‘mungsuh’ politiké. Dhèwèké wong partai, ndilalah nembe dadi bupati, rumangsa perlu ngati-ati anggoné nulis statusé.

“Nanging kena ngapa mesthi ana sing celathu èlèk, nggawa-nggawa perkara sing biasa waé menyang masalah politik? Kamangka, sanajan politisi, aku kan ora pantes yèn nulis status sakepénaké udelku babagan politik, to? Jabatanku meksa aku kudu dadi bapaké wong akèh, sing béda-béda partainé lan liya-liyané,” ujaré Kang Agus, rong dina kepungkur.

Kang Agus seneng nganggo Fèsbuk, malah rajin celathu lumantar nampan sèng werna ireng (utawa BlackBerry). Tambah kadang, tambah sedulur. Tambah informasi, tambah ngerti kahanan njaba.

Nanging, béda Agus Riyanto, béda uga Mas Agus Condro Prayitno. Omahé ndhésa, ora ana tèlpuné. Pingin Fèsbukan dadi kangèlan. Kamangka, dhèwèké wis duwé account ana Fèsbuk, sanajan sing nggawèkaké kancané.

“Kétoké asyik ya, Tank?” ujaré Mas Agus ana dalemé, wingi awan. Aku njawab yèn Fèsbukan iku asyik tenan.

“Wah, kapan-kapan dak cobané. Soalé, nganti saiki sing njawab pesen ana Fèsbuk-ku isih diayahi kanca sing gawé account nganggo jenengku, sebab aku durung bisa,” ujaré.

Blaik, jabang bayik!!! Jebul sasuwéné iki, saben celathu utawa takon kabaré Mas Agus sing lagi dadi bintang tipi jalaran urusan sogok-sogokan anggota DPR iku, sing njawab wong liya!

Wis, ah. Sampéyan kabèh mesthi ngerti, yèn niyat critaku iki mung kanggo ngebaki kabar saka kanca-kanca Bengawan, dadi ya rada nglantur. Sokur-sokur, crita mangkéné bisa dadi srana manas-manasi sampéyan dadi melu seneng Fèsbukan utawa nge-blog bareng-bareng…………..

Comments

6 Responses to “Sedulur Tunggal Fèsbuk”
  1. riuusa says:

    kok ya fotoku seng kui ta ya pak bheeeeeee……..
    haduh….nek aku jadi terkenal pie lho pak……
    hekekekkekeke….kaget aku ujug2 enek jenengku…..

  2. raiderhost says:

    wech uri2 budaya jawi .

    *padahal seng dikenalke saiki malah facebook karo fs :( prihatini saya

  3. Gadis Jeruk says:

    waduuh.. gk mudeng semuanya euuy..
    tapi intinya mah tentang pebuk kan??
    hehe

  4. iyem says:

    *moco tulisan terakhir*

    AMIN……

  5. atmo says:

    lha menawi sedulur lumantar kagungan blog punika klebet sedulur punapa nggih ?

    sarujuk kaliyan tulisan panjenengan, nanging ugi,
    fesbuk punika adamel
    “rencang ingkang tebih samsaya celak, lan rencang ingkang celak samsaya tebih” hehehehe…

    salam.

  6. ngatini says:

    manggut-manggut wae ahhh………….

Komentar

*
To prove you're a person (not a spam script), type the security word shown in the picture. Click on the picture to hear an audio file of the word.
Click to hear an audio file of the anti-spam word

  • Papan Iklan