Sala Butuh Underpass

July 15, 2009 by Blontank Poer · 8 Comments
Filed under: Pawarta Saka Sala 

Ora suwé manèh, Kutha Sala bakal ramé yèn gedhung Solo Paragon wis rampung pembangunané. Saliyané kondotèl (dudu cekakan saka tembung kondom hotèl, lho), yaiku apartemèn sing bisa disewa kaya déné kamar hotèl, ana komplèks iku bakal ngadeg uga plasa superméwah kanggo ukurané wong Sala.

Méwahé, kira-kira kaya Plaza Indonesia ing Jakarta. Bédané, sing ana Jakarta dalané amba, nanging sing ana Sala iki dalané ciut. Ing wanci budhalan sekolah lan jam kantor waé wis marakaké mlakuné pitmontor lan mobil lendrak-lendrek, apa manèh suk yèn pusaté blanja lan dolan golèk hiburan iku wis dadi papan kanggo jujugan. Selengkapnya →


Kroncong Sala

July 13, 2009 by Blontank Poer · 6 Comments
Filed under: Pawarta Saka Sala 

Saben kampung ing Kutha Sala, prasasat duwé grup kroncong. Malah, ana akèh kampung sing duwé grup luwih saka siji. Ana sing diniyati kanggo makarya, nanging ora kurang sing sejatiné mung kanggo seneng-seneng. Warga dadi guyub, paling ora wektu latihan, akèh tangga sing padha nglumpuk melu nglaras.

Manpangaté uga ora kurang kanggo warga kampungé. Yèn pinuju pèngetan pitulasan utawa ana sing lagi duwé gawé, umpamané, ora usah ngetokaké wragad kanggo nanggap grup campursari, organ tunggal lan sapanunggalané. Yèn kurang marem, cukup methil bidhuan utawa sangrès sing dianggep apik lan nyenengkèh. Selengkapnya →


Fèstival, Karnaval, Kirab…..

July 7, 2009 by Blontank Poer · 5 Comments
Filed under: Pawarta Saka Sala 

Kutha Sala lagi banjir kegiyatan. Ana karnaval batik (28 Juni), fèstival pertunjukan beksan duwèké Pura Mangkunegaran (4-5 Juli), lan sasi ngarep ana manèh, yaiku Solo International Performing Arts/SIPA, 7-10 Agustus. Salebaré iku isih ana kirab busana ètnis, yaiku busana suku-suku sing ana ing Kutha Sala. Tambah ramé pokoké.

Sanajan kabèh kuwi mau linabaran niyat becik, émané isih rada akèh kurangé. Fèstival Mangkunegaran, umpamané, swasanané dadi kaya wong-wong lagi ngrubung bakul obat ana satengahé alun-alun lor. Pendhapa sing kuduné mènèhi rasa agung lan khidmad dadi ora karu-karuan. Prasasat kabèh wong bisa pencilakan. Selengkapnya →


Sedulur Tunggal Fèsbuk

July 4, 2009 by Blontank Poer · 5 Comments
Filed under: Pawarta Saka Sala 

Jaman biyèn, paseduluran mung bisa kabédakaké lumantar silsilah kulawarga utawa nunggal papan (désa utawa kutha). Bisa papan kelairan utawa kanca sekolah lan dolan. Sabanjuré, saka ana sing diarani kadang katut, yaiku paseduluran sing ana sambung-rapeté karo jejodhoan: katutan saka bésan, paman-bibi lan liya-liyané.

Nanging, ana ing jaman modhèren kaya saiki, sing diarani paseduluran banjur manéka warna wujud lan asal-usulé. Kanca kuliyah, nyambut gawé lan sapanunggalané, bisa dadi sedulur anyar. Malah, ora kurang anggoné mangun paseduluran ngalahaké rapeté kakang-adhi tunggal kringkel. Fèsbuk, umpamané, bisa ndayani lairé kekadangan lan bebrayan agung, ngalahaké telpun lan weling cekak (SMS). Selengkapnya →


Gambar Saru

July 4, 2009 by Blontank Poer · 10 Comments
Filed under: Pawarta Saka Sala 

Gambar saru pancèn seru, mula akèh wong luru, golèk kanthi laku sing ora kalah seru: browsing ana internèt utawa ngalor-ngidul ngétan-ngulon marani saben ana wong buka dhasar VCD! Paling ora, kabar iku bisa disimak ana koran Suara Merdeka, kang mawartakaké anané pirang-pirang wong sing wis dicekel déning pulisi Karanganyar. Selengkapnya →